Blog

Sunday, June 8, 2014

Conto Geguritan Basa Jawa


Bapak St.Soekiman, panganggit geguritan wayang :)
Mugi saged dados conto-contoh geguritan ugi pasinaon kita sedaya, sumangga..rahayu :)

Geguritan Djaka Lodhang


Sabtu, 25 Agustus 2012
Kanca

Ana kala nelangsa
Ana kala suka cita
Ana kala memala




Ana kanca kang apikan lan loma
Anane gawe ati tansah bungah
Ana kanca kang tumindak ala
Anane misuh gawe ati lara

Kanca kenthel dadi kabegjan
Kanca ala malah kapusan
Ati-ati milih kanca



Geguritan Kedaulatan Rakyat

Minggu, 3 November 2013
Kreteg

Desaku kretege ambrol
kali mili luh
mangsa ketiga wis teles
luntaking swara-swara

Aku ora ngerti geneya ambrol
Pedhoting dalan gawe ora lila
Dalan kang mesthine ngeterake aku lan kanca-kanca
Menyang sekolah weruh gendera negara

Nanging, aku kudu semangat
Nalika mambu baskara lan kringet kang tumetes
Njangkahake sikil mangkat lan bali sekolah
Direwangi ati-ati lan pandongan biyung lan bapak
Sinau sing tenanan lan memitran kanthi jujur
Kareben suk mben bisa gawe kreteg-kreteg kang sentosa
Kanggo nyunggi urip desaku.

8 September 2013
Lemah

Aku mlaku ngluru dalan
Kiwa tengen nyandhang guyon uga tangisan
Lemah reged kebak larahan
Semono uga kringet padha rebutan papan
Aku mlaku ngluru dalan
Bocah-bocah bal-balan
Rebutan sikile nyeker gupak lemah bubar udan
Lemah sing lagi diributke
Karo bapa-biyunge

Layang
: kagem Triman Laksana

Mangsi kang dakgores ana dluwang iki
Ajine ora sepira,
Yen daksawang surya saben lembar lan
Ngeja aksara kang tumata saben guritmu

Embuh, kala nala unjal ambegan, pengen mandheg
Saka rodha jagad aksara
Ngetungi tabuh rampungan dithuthuk, nanging,
Mripat kawicaksanaanmu lair
Murup dadi lilin, ngobong ati

Nalika kelingan kabeh lun lan guyonan
Wis teles bareng lakuning jangkah piwulang
Uga prasasti tembang sandhal jepit
Aku mung saguh ngirim
Layang dedonga
Matur nuwun, Bapak

Ukara

Durung nganti tekane bates wektu
Ukara kang daktata durung metu
Saka ilat, kelu.

Seprene, nganti awak dirogoh goroh
Dalan cerak rumangsa tansaya adoh
Ukara tetep mung dumunung ana gununging aruh.

Mengko, nganti rampung anggone raga gumlethak
Sandhuwure lemah, balung ajur
Tibaning ukara iki kudune menyang sliramu.

Minggu, 14 April 2013
Golek Panguripan

Saben lampu abang murup
Sliramu nembang panguripan
Nggrenjeng gitar kentrung
Nyuwara panjerite laku

Kringet tumetes nelesi raga
Ora perdhuli panas sumelet
Bisa ngranggeh ayang-ayang wektu

Kulit gosong adus panase srengenge
Kabeh dilakoni kanthi kebak rasa
Dina-dina bakal tumeka ana tangan
Kanggo ngluru dalan golek panguripan

0 comments:

Post a Comment

Hello, thank your for the comment!
Have a great day! :)